|
![[Under Construction]](images/undercon.gif)
| |
ASTHABRATA
kaserat ing Serat Rama Jarwa.
Nalika semanten, awit asor ing jurit, Rahwana
raja Alengka gugur ing Palagan. Raden Wibisana kaangkat dados Raja Alengka. Ing
Pahargyan Rama Wijaya paring pitutur supados Raden Wibisana dados raja ingkang
wicaksana, saged dados pangayoming kawula. Pituturing Rama Wijaya ing tembang
macapat pangkur, kagambaraken sifating Pangembating Praja kados sifat Bathara
Indra, Yamadipati, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, lan Baruna.
-
Bathara Indra, Dewaning Jawah. Tansah
paring menapa ingkang dipun betahaken ing alam ndonya, paring kasejahteraan
ugi paring jawah ing bumi.
-
Bathara Yamadipati, Dewaning Panjabut Nyawa ingkang tansah mbasmi sedaya
tindak tanduk awon.
-
Bathara Surya, Dewaninig Surya (Srengenge).
Kagungan sifatnya alon, mboten grusa-grusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
-
Bathara Candra, Dewaning kekaleman ingkang
tansah tumindak lembut, sumeh lan sabar dumateng sinten kemawon
-
Bathara Bayu, Dewaning Angin.
Ingkang
saged mlebet
sedaya panggenan.
Sedaya
kesaenan saha ingkang piawon saged dipun
mangertosi. Saged mangertos sedaya kedadosan lan ugi saged paring katentreman.
-
Bathara Kuwera,
Dewa Kasugihan.
Sifatipun
ulet makarya angumpulaken
bandha donya
kangge
katentreman lan
kacekapan
dhumateng
sedaya kawula.
-
Bathara Baruna,
Dewaning
Samodra.
Sifating
Samodra
saged ngempalaken ilineng toya nanging
mboten luber. Saged nampi sedaya kasaenan lan piawon, tansah sabar, kathahing
pangetosan, kadosdene jembaripun samodra.
-
Bathara Brama,
Dewaning
Geni (Latu).
Sifat
Geni
ingkang saged
mbakar,
damel risak menapa kemawon, nanging saged damel pepadhang ing dalu. Bathara
Brama saged
mbasmi musuh
lan sedaya piawon
nanging ugi damel pepadhang ingkang nembe
pikantuk pacoban.
|